Lumunturing
Budaya
( Dening Ki
Andanawarih )
Masalah : Polah
tingkahe putra lan putri jaman sakniki.
Panemu 1 : Polah
tingkah putra lan putri wis ninggalake subasita(sopan santun)
Solusi 1 : Perlu ana perhatian saka wong tuwa, perlu
mangerteni tata tertib, basa kang digunaake ing ndalem bebrayan saben dina kudu
diterapake .
Panamu 2 : Aturan budaya wis di tinggalake
Solusi 2 : Pemudha lan pemudhi kudu belajar
mencintai budaya dewe lan kudu usaha supaya budayane ora di tinggalake.
Panamu 3 : Yen isih ngugemi budaya bangsa, kabeh
rumangsa nista
Solusi 3 : kabeh rumangsa nista amerga budaya
bangsa iku luwih tradisional samestine budaya bangsa iku luwih apik lan
sesuai karo kepribadiane masyarakat bangsa. Dadi wong tuwo kudu sabar ndidik
putra putrine teko cilik supaya mboten lali marang budaya bangsa lan ngadohake
saka hal-hal negatif sing bisa ngrusak budaya bangsa.
Panamu 4 : Busana
owah saka samesthine. Tetunggangangan, wisma,laladan rinipta beda saka
asline.
Solusi 4 : Kita kudu mangerteni ndi busana, tetunggangan,
wisma lan sapiturute seng apik lan nyesuaikne karo budaya sing trep. Kanggo
wong tuwo kudu mangerteni ndi seng apik kanggo putra putrine, amarga akehe
budaya seng ora apik amarga wong tuwa ora merhatekne uwong tuwo.
Panamu 5 : Pemudha pemudhi jaman saiki unggah-ungguh
basa wis diliwarakake
Solusi 5 : Supaya unggah-ungguh basa ora
diliwarake, kudu matuhi perintah wong tuwa, perintah guru, lan perintah seng
apik-apik .
Narasi
Polah
Tingkah Putra lan Putri Jaman Sakniki
Ditingali saka jaman sakniki kita rasane
kaya kudu nangis sampek dleweran ing praupan kulo. Nlongso batinku ginambar ing
netramu. Praupan pucet sementara ing wajahku amergi ningani putra lan putrid
jaman sakniki. Kulo sampun pasrah dening atiku kang sifat putra lan putri jaman
sakniki ing kang mboten saget di ubah.
Ditingali saka jaman sakniki, polah
tingkahing putra lan putri jaman sakniki sampun ninggalake sopan santun,
nglanggar aturan budaya, nglalekake tatakrama lan mbuwang saka unggah-ungguh
basa, kabeh padha ngrasa nistha yen isih manut norma budaya bangsa kita dewe.
Sanadjan jamane wes maju ananging malah
dados kleru amergi kejerumus teng dampak negatife. Crita wong tuwa ginubah
sakarepe dewe. Busanane ing kang kito nggae owah saka samesthine. Kendaraan,
omah, laladan beda saka asline amergi yen kendaraan utawa omahe olo kabeh pada
isin lan kudu manut jaman ing kang maju niki. Kabeh anungsa sakniki pada
lomba-lomba tumbas kendaraan kang becik lan nggawe omah kang megah. Mulo kito
kudu bisa nglestarekake lan njaga budaya bangsa kita, ojo sampek di klaim
bangsa liyo. Kita kudu bangga ndduweni budaya bangsa.
Enten pirang-pirang pitakonaan ing kang
kudu diwangsulusi lan dimangerteni.
1.
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe ?
Panemu
: kita niki kudu nghargai budaya kita kiambak lan saklajengnipun wong
asing pun gelem nghargai budayane kita.
2.
Apa budaya kita wis ora ono ajine ?
Panemu
: budaya kita niki tasih enten ajine nanging putra lan putri jaman
sakniki mboten purun nglastarekake budayane, kita kudu njujung duwur budaya
kita yen mboten kita sapa maleh.
3.
Apa budaya kita wis kadaluwarsa ?
Panemu : budaya kita bisa dikatakaken
kadaluwarsa yen kita mboten saget nglastarekake lan menalne budaya niki ing
jaman sakniki.
4.
Apa budaya kita wis luntur ?
Panemu : budaya kita sampun tergeser
kaliyan budaya asing kang mudah dikembangne ing Negara kita niki,sakmestine
kita kudu bisa mempertahanake budaya kita dewe kang digali saka kerja kerasse
leluhur kita.
Pemudha
lan pemudhi jaman sakniki, wis padha ngliwakake unggah ungguh basa, ninggallake
tata karma, lan ninggalake tata wicara ingkang subasita. Apa ngene iki igkang
disalahake sekolah, ibu bapak, lan napo kabeh nggeh salah?. Teng sekolahan
nggeh sampun dididik, ibu bapak nggeh sampun nasehati, berarti kita kudu bisa
njaga awak kita saka kemajuan jaman sakniki. Budaya bangsa wis arep luntur
amerga polah tingkah lakune kita dewe kang pun bebas. Ora merdulikake niku
becik niku olo ing kang penting seneng. dadi kita kudu bisa milih-milih budaya
asing lan mempertahanake budaya kita.