Rabu, 25 Februari 2015

Lumunturing budaya


Lumunturing Budaya

( Dening Ki Andanawarih )

Masalah : Polah tingkahe putra lan putri jaman sakniki.
Panemu 1 : Polah tingkah putra lan putri wis ninggalake subasita(sopan santun)
Solusi  1 : Perlu ana perhatian saka wong tuwa, perlu mangerteni tata tertib, basa kang digunaake ing ndalem bebrayan saben dina kudu diterapake .

Panamu 2   : Aturan budaya wis di tinggalake
Solusi 2      : Pemudha lan pemudhi kudu belajar mencintai budaya dewe lan kudu usaha supaya budayane ora di tinggalake.

Panamu 3   : Yen isih ngugemi budaya bangsa, kabeh rumangsa nista
Solusi 3       : kabeh rumangsa nista amerga budaya bangsa iku luwih  tradisional  samestine budaya bangsa iku luwih apik lan sesuai karo kepribadiane masyarakat bangsa. Dadi wong tuwo kudu sabar ndidik putra putrine teko cilik supaya mboten lali marang budaya bangsa lan ngadohake saka hal-hal negatif sing bisa ngrusak budaya bangsa.

Panamu 4   : Busana  owah saka samesthine. Tetunggangangan, wisma,laladan rinipta beda saka asline.
Solusi 4       :  Kita kudu mangerteni ndi busana, tetunggangan, wisma lan sapiturute seng apik lan nyesuaikne karo budaya sing trep. Kanggo wong tuwo kudu mangerteni ndi seng apik kanggo putra putrine, amarga akehe budaya seng ora apik amarga wong tuwa ora merhatekne uwong tuwo.

Panamu 5   : Pemudha pemudhi jaman saiki unggah-ungguh basa wis diliwarakake
Solusi 5        : Supaya unggah-ungguh basa ora diliwarake, kudu matuhi perintah wong tuwa, perintah guru, lan perintah seng apik-apik .
Narasi
                        Polah Tingkah Putra lan Putri Jaman Sakniki  
Ditingali saka jaman sakniki kita rasane kaya kudu nangis sampek dleweran ing praupan kulo. Nlongso batinku ginambar ing netramu. Praupan pucet sementara ing wajahku amergi ningani putra lan putrid jaman sakniki. Kulo sampun pasrah dening atiku kang sifat putra lan putri jaman sakniki ing kang mboten saget di ubah.
Ditingali saka jaman sakniki, polah tingkahing putra lan putri jaman sakniki sampun ninggalake sopan santun, nglanggar aturan budaya, nglalekake tatakrama lan mbuwang saka unggah-ungguh basa, kabeh padha ngrasa nistha yen isih manut norma budaya bangsa kita dewe.
Sanadjan jamane wes maju ananging malah dados kleru amergi kejerumus teng dampak negatife. Crita wong tuwa ginubah sakarepe dewe. Busanane ing kang kito nggae owah saka samesthine. Kendaraan, omah, laladan beda saka asline amergi yen kendaraan utawa omahe olo kabeh pada isin lan kudu manut jaman ing kang maju niki. Kabeh anungsa sakniki pada lomba-lomba tumbas kendaraan kang becik lan nggawe omah kang megah. Mulo kito kudu bisa nglestarekake lan njaga budaya bangsa kita, ojo sampek di klaim bangsa liyo. Kita kudu bangga ndduweni budaya bangsa.
Enten pirang-pirang pitakonaan ing kang kudu diwangsulusi lan dimangerteni.
1.     Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe ?
Panemu  : kita niki kudu nghargai budaya kita kiambak lan saklajengnipun wong asing pun gelem nghargai budayane kita.
2.     Apa budaya kita wis ora ono ajine ?
Panemu  : budaya kita niki tasih enten ajine nanging putra lan putri jaman sakniki mboten purun nglastarekake budayane, kita kudu njujung duwur budaya kita yen mboten kita sapa maleh.
3.     Apa budaya kita wis kadaluwarsa ?
Panemu : budaya kita bisa dikatakaken kadaluwarsa yen kita mboten saget nglastarekake lan menalne budaya niki ing jaman sakniki.
4.     Apa budaya kita wis luntur ?
Panemu : budaya kita sampun tergeser kaliyan budaya asing kang mudah dikembangne ing Negara kita niki,sakmestine kita kudu bisa mempertahanake budaya kita dewe kang digali saka kerja kerasse leluhur kita.
            Pemudha lan pemudhi jaman sakniki, wis padha ngliwakake unggah ungguh basa, ninggallake tata karma, lan ninggalake tata wicara ingkang subasita. Apa ngene iki igkang disalahake sekolah, ibu bapak, lan napo kabeh nggeh salah?. Teng sekolahan nggeh sampun dididik, ibu bapak nggeh sampun nasehati, berarti kita kudu bisa njaga awak kita saka kemajuan jaman sakniki. Budaya bangsa wis arep luntur amerga polah tingkah lakune kita dewe kang pun bebas. Ora merdulikake niku becik niku olo ing kang penting seneng. dadi kita kudu bisa milih-milih budaya asing lan mempertahanake budaya kita.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar